Friday, May 20, 2005

Kentrungan reekk...

Walah re, rek, rumongso tuwek tapi kok yo gak lulus-lulus
Padahal, wis semester wolu loh panggah kuliah ae
Malah, aku jek onok jatah kuliah patang dina seminggu
Kalah karo konco-koncoku sing wis pada khatam
(Sound : blang, gentak, gentung , oi, oi…)

sing luwih ngisin-ngisini, mata kuliah sing tak jupuk saiki akeh-akehe gak penting
duduk mata kuliah anyar tapi pendalaman alias ngulang
iki sing nggarai beban mental
soale aku kudu kuliah bareng arek-arek anyar
paling pikire arek-arek iku, mbak iki rek wis tuwek tapi gak tau diri
mbok yo gek ndang lulus, cek ne gak ngebek-ngebeki uner
(sound: blang, gentak, gentung, oi, oi..)

sing gak gelem lulus iku yo sopo seh
lek nuduh mbok yo ojo kenemenen talah
padahal, aku iki sakjane yo lagi nyiapno cara supoyo cepet lungo teko uner
wong aku yo wes jembek diilokno terus karo arek-arek
wes lemu, ireng, gak lulus-lulus pisan
(sound: tak, tung, de, ya’o, ya’o…)

Tapi, lek jarene koncoku sing situke seje maneh
Dhewek’e iku mahasiswa sastra pisan, sing semestere wis gak iso diitung karo driji
Jarene, perkoro lulus iku gampang rek
Arep lulus, telung tahun, opo telu setengah tahun kabeh iso ae
Tapi, sing paling angel iku ngelmune
Butuh proses lumayan dowo sing gak isok dilakoni telung tahun patang tahun

Soale, koen kuliah iku duduk mung angger teko, lungguh, nyatet trus muleh
Tapi, kudu diresapi pisan supoyo koen bener-bener ngerti
Memang, koen iso oleh IPK maut masio mek ngunu thok
Opo maneh, ujian sakjane bondone lak mung catetan lengkap, lan lirikan mantab talah
samunggo’o iku sing mbok lakoni, koen gak bakal oleh opo-opo
*iki jarene koncoku loh. Duduk teko lambeku*

Yo, yo, aku setuju seh karo omongane
Tapi aku curiga, ojok-ojok dhek’e ngomong koyok ngunu mek digawe alasan ae
Sakjane sing sak benere males ae
Walah, walah, mahasiswa saiki memang kakean alasan
(Sound: blang, blang, gentak, gentung, oi, oi

banyu klopo, kuah santen
sampun saking kulo, cekap semanten

0 Comments:

Post a Comment

Subscribe to Post Comments [Atom]

<< Home